PERTANYAAN DALAM WAWANCARA PEMBUATAN GERABAH BALONGAN
Senin, 26 September 2022
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Kali inj saya akan menulis daftar pertanyaan yang akan digunakan dalam wawancara pembuatan gerabah Balongan.
Daftar pertanyaan tersebut adalah:
1.Bio data informan
- Asmane jenengan sinten?
- Asli mriki nggh Mbah?
- Kinten-kinten jenengan lahir tahun pinten mbah?
- Gadah putra pinten Mbah?
- Jenengan nggh ndamel gerabah Mbah?
2. Asal- Usul
- Mbah teng mriki dukuh nopo Mbah?
- Kok saget diarani dusun.... niku ceritane pripun?
- Yen asal-usule gerabah teng mriki pripun?
- Sinten ingakng ngawalu ndamel gerabah teng mriki Mbah?
- La yen gerabah jaman riyen ndamele gerabah nopo Mbah?
3. Keadaan Penduduk
- Mbah sesepuh desa mriki niku sinten?
- Manggenipun sebelah pundi nggh Mbah?
- Bentuk nggriyanipun kados pundi nggh Mbah?
- Tiang ingkang manggon pertama wonten mriki nggh ndamel gerabah Mbah?
4. Tata Ruang Tempo
- Mbah nek ndamel gerabah niku wonten ajeng nopo wonten mburi Mbah?
- Yen tempat ndamel mbakar gerabah wonten pundi Mbah?
- Yen tempat kangge nyalep dami wonten pundi Mbah?
5. Sumber Pangan
- Mbah tiyang mriki ingkang katah merdamel nopo Mbah?
- Wonten ingkang tani Mbah?
- Wonten ingkang ternak Mbah?
- Wonten ingkang mbelah Mbah?
- Wonten ingkang sopir Mbah?
- Wonten ingkang kuli Mbah?
- Wonten ingkang sadehan teng wisata Balongan Mbah?
- Lha ingkang ndamel gerabah katah Mbah, perkiraan pinten Mbah?
6. Fasilitas Publik
- Mbah teng mriki wonten sumur umum?
- Sumur sebelah pundi Mbah?
- Mbah teng mriki wonten mbalong?
- Sebelah pundi Mbah?
- Mbah wonten tanah bengkok engkang tanahe dingge ndamel gerabah Mbah?
- Mbah wonten tempat umum dingge mbakar gerabah Mbah?
- Mbah teng mriki wonten toko gerabah nopo mboten?
7. Peninggalan Barang Kuno
- Mbah jenengan gadah gerabah kuno?
- Mbah jenengan pernah ndamel gerabah seng bentuke kuno?
- Mbah model gerabah kuno niku bentuke pripon Mbah?
- Yen gerabah niku kandele sak pinten alus nopo kasar Mbah?
8. Bahan Pembuatan Gerabah
- Mbah lemah kangge ndamel gerabah niku lemah ingkang pripun?
- Mendete sangking pundi Mbah?
- Ngotenniku tumbas nopo nyuwun?
- Bahanipun namun lemah sarasan nopo wonten sanese?
- Lha bahan sanese ngoten niku sangking pundi?
- Mbah teng gerabah niku wonten coretan warna niku bahane nopo? Ingkang pundi, regine pinten?
- Setoke teseh katah nopo mpon terbatas Mbah?
- Riyen kaleh sakiniki bahane wonten bentene nopo mboten?
- Kadose sakiniki kok bahane lagsung pesen Mbah?
9. Alat Membuat Gerabah
- Mbah gerabah niku wonten cetakan nopo mboten? Kok saget sae ngoten? Lha alat nopo mawon Mbah?
- Mbah alat engkang niki cara gunakaken pripon?
- Alate niki fungsine kagem nopo?
- Ngoten niku alate tumbas nopo ndamel piambak?
- Yen tumbas, tumbas teng pundi Mbah?
- Ndamel piambak nopo di damelake Mbah?
- Awet nopo mboten Mbah?
- Mbah jenengan pernah ngertos alat modern kagem ndamel gerabah?
- Mbah yen pas mbakar ngoteniku ngagem nopo?
10.Proses Membuat Gerabah
- Mbah gerabah niku jenise nopo mawon?
- Ndamele ngonten niku benten nopo mboten?
- Pertama kali didamel niku napane?
- Terus napane maleh?
- Kok saged bunder mlekung mulus niku ndamele pripun?
- Lha ndamel lambene gerabah niku pripun?
- Ngoten niku ndamele langsung nopo bertahap?
- Yen ndamel kandel kaleh tipis niku angel pundi?
- Kok saged kuat rapet mboten bocor niku ndamele pripun mbah?
11.Proses Pembuatan Gerabah
- Mbah yen mbakar kan ditumpuk cara numpuke pripun kok mboten pecah?
- Gerabah sing siap dibakar niku bakalan sing kados pundi?
- Bakare pinten jam?
- Ngangge nopo mbakare Mbah?
- Yen mbakar niku tempate teng pundi?
- Yen sampon dibakar gerabah ingkang sae niku pripun Mbah?
- Gerabah ingkang mboten kasel bakarane niku kengeng nopo?
- Mbah yen ujuk ujuk grimes udan poten niku terus pripun?
- Gerabah ingkang gampang bakarane niku gerabah nopo Mbah?lan ingkang angel nopo mbah?
- Keranten nopo Mbah?
- Carane ngertos gerabah sing sampun mateng niku pripun?
- Carane mbongkar utawa mendet gerabahe niku pripun Mbah?
- Carane noto supados mboten pecah niku pripun Mbah?
- Ngoteniku wonten gerabah sing dibakar malih Mbah?
- Jenengan nate ngertos gerabah moderen Mbah?
- Pernah wonten program pemerintah modal distribusi gerabah dan pasarnya?
Terima Kasih
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Nama : Siti Nur Janah
No : 31
Kelas : XI IPS 2